Potensi Perangkat Desa yang Memiliki Talenta Menulis Cerita

Sayembara ing Ngawuawulangit

Dening : Bambang P

Bambang P Perangkat Desa Sonoharjo

 

 Pletheking hyang arka ing imbang wetan asung pepadhang tumrap jagad kang ginelar. Pedhut wiwit sumilak, bun kang tumemplek ing pucuking gegodhongan wiwit aring kedayan sunare sang surya. Para amung kisma, layar dagang, dwija, greji lan liya-liyane, banjur padha miwiti pakaryane sowang-sowang.  Bocah-bocah padha budhal menyang papan pasinaon, luru ngilmu kanggo sangu mecaki dina ing tembe.

Minangka bebukaning carita, datan kadi parepatan agung ing praja Ngastina ya ing Gajahoya. Natkala samana hanyarengi dinten Anggara Kasih ngepasi tumapaking pisowanan agung ing praja Ngastina wetan, kawistinggal narendra Ngastina wus lenggah siniwaka kaadhep para narapraja, pangemban pangembating praja miwah satriyaning nagari. Datan kantun priyagung Ngawongga ugi sampun kepareng rawuh nuhoni ingkang dados pamundhutipun  keng rayi sang Kurupatiendra sawatawis ari ingkang kapungkur lumantar kintaka. Beg hamber kang samya sumeba kongsi hangebeki panangkilan, kabeh tan ana kang samya nyabawa hawit hanengga sabda njeng nata.

Sawusnya padha bage binage ing reh kawilujengan saha karaharjan, Prabu Duryudana gya mbuka wiwaraning gati gatining pasewakan dina samangko marang para-para kang wus padha rawuh. Kang minangka lajering pirembagan ing dinten samangke mboten wonten sanes kejawi pamothahipun keng rayi Dursasana ingkang kepengin hamengku setunggalipun putrid saking Ngawuawulangit nun inggih Dewi Sayati. Sanajan ta Raden Dursasana dereng pinanggih kalawan Dewi Sayati kajaba liwat pasupenan.  Nanging sanajan ta amung kanthi nyupena, sang Dursasana wus rumangsa kepranan gandrung kapiyungyun marang citrane sang dewi memaniking ati. Ngantos kawedal tembunge bilih mboten badhe mengki wanita kejawi amung kaliyan Dewi Sayati.

Kang mangkana mau handadosake penggalihan tumrap keng raka nata Ngastina. Mula banjur kepareng hambabar runtiking galih ing parepatan agung dina samangko. Kaya mangkana menggah pangandikanira Sang Kurupatiendra marang para-para kang prapta ing dhatulaya praja Ngastina :

“Bapa Druna, Kakang Ngawongga, menapa dene Paman Harya, wigatosing pasewakan dinten piniji mboten sanes kejawi namung ngrembag pamothahipun yayi ing Banjarjunut marang kula. Mila menika prekawisipun Yayi Dursasana kersoa kang sami rawuh paring kali damar. Jejering kadang sepuh, lingsem menawi kula mboten saged nyembadani menggah panyuwunipun si Dursasana menika.” Pambukaning sabda Prabu Duryudana. ”Kirang langkung tigang ari kepengker Dursasana matur nyuwun kapalakramekaken. Dene ingkang dados gegantilaning ati mboten sanes kejawi namung Dewi Sayati, putri narendra NgAwuawulangit. Duryudana matur bilih aluwung hangenthengaken pejahipun tinimbang mangke mboten saged mengku Dewi Sayati.”

“Ooo…lole..lole..soma lole…Ngger, Anak Prabu Duryudana, menawi pun bapa dikeparengaken tartemtu badhe asung pambiyantu kanthi suka lilaning manah murih kasembadaning sedya Paduka anak prabu ingkang utama kala wau. Menawi calon pinangantyan kakung menapa putri sampun wonten, lajeng menapa ingkang dipun penggalih Anak Angger Kurupati? Menapa dereng pados dinten ingkang sae? Prekawis lamaran menika tinemu ing wingking. Pun bapa piyambak ingkang sagah dados dhuta nglamaraken dhateng Awuawulangit.” nreweceh ngendikane Pandhita Sakalima ana ngarsane Prabu Duryudana. “ Tur manut petang kula menika sampun trep menawi Dursasana ngayunaken Dewi Sayati. Bobot timbang sedheng derajadipun sami, Ngger Anak Prabu.”

“Bapa Druna maturnuwun Bapa dene kersa paring pambiyantu dhateng kula menapa dene Yayi Dursasana, nanging Bapa,  miturut goteking pawartos ingkang kula tampi kauningana Bapa bilih jatu krama tumrap Dewi Sayati menika kasayembarakkaken, wosing sayembara, sok sintena kemawon saged mboyong putri Ngawu-awu langit menawi sampun sembada nelukaken kadangipun tuwa nenggih Raden Endrakerata. Niku Bapa undheraning prekawis.” Ngendikane Sang Kurupati, “Mila kula kepareng ngaturi rawuh Kakang Narpati Ngawongga lumantar kintaka mboten sanes kejawi namung badhe kula suwuni tulung prekawis menika. Mupu sayembara ing Awuawulangit ngasoraken kadangipun nengih Raden Endrakerata, mboyong Dewi Sayati ingkang kelajenganipun kadhaupaken kalawan Yayi Dursasana. Dene miturut pamanggih kula mboten wonten ingkang kwagang ngasoraken Raden Endrakerata kejawi namung Kakang Narpati Ngawongga.” Pangandikane Prabu Duryudana marang para priyagung kang prapta ing dhatulaya.

“Yayi kadangingpun Kakang yayi, jumbuh kalawan prasetya kula dhumateng Yayi prabu duk natkala samanten ingkang sagah ngudokaken pejah gesang kangge kamuktenipun yayi prabu, sampun was kuwatos yayi keparengga enggal dhawuh dhateng keng rakanta Ngawongga, benjang menapa anggen kula bidhal mupu sayembara dhateng Awuawulangit, Yayi?” pratelane Narpati Karna kanthi manteb ana ngarsane Prabu Duryudana.

“Wadhuh Kakang Ngawongga, tetela semanten ingkang dados kesagahan Paduka Kakang Narpati dhateng Duryudana. Cetha bilih Kakang Narpati kaliyan Duryudana menika kadang sinoroh wadi. Kula pitados kaliyan kesagahanipun kakang ing Ngawongga.” Ngendikane Prabu Duryudana, “Nanging waleh-waleh menapa Kakang Narpati kula aturi sumene sawetawis rumiyin ing Ngastina. Kula pitados, menawi kakang Narpati piyambak ingkang kasdu mupu giri patembaya tartemtu badhe angsal damel saengga mahanani pamareming rayi Dursasana.”

“Kenging menapa kedah sumene Rayi? Mumpung hyang arka dereng kelajeng inggil kalilanana rakanta bidhal samenika ugi.” Ngendikane Narpati Ngawongga marang keng rayi Prabu Duryudana.

“Mbok mangke rumiyin ta Sinuwun Ngawongga, kenging menapa kedah kesesa. Mangga sapurnanipun parepatan menika kembul bojana andra mina rumiyin. Adhakanipun menawi makarya ing kamangka padharan dereng wonten napa-napanipun menika sok mbandakalani. Rak ya ngono ta Kakang Sokalima?” panyelane Harya Suman.

“O, lole..lole, kuwi rak kowe adhi Kuni, nyambut gawe durung karuwan asile, perkara kembul sing tengenake. Beda kalawan sinuwun Ngawongga.” Sumambunge Pandhita Sokalima.

“Leres ingkang pun aturaken Paman Harya Suman menika Kakang Narpati, prayogi saderengipun bidhal tumuju Ngawuawu langit, mangga kula dherekaken manjing wonten sasana kembul boja handrawina.”

“Yayi Prabu, kembul bojana dhawah wingking, mangke menawi sedaya jejibahan menika sampun rampung tartemtu pun kakang mboten nampik menggah kersa paduka Yayi Prabu. Malah wekdal samenika ugi kalilanana keng raka bidhal dhateng Ngawuawulangit mestuti dhawuh timbalanipun Yayi Prabu.”

“Menawi ngaten kula namung nyumanggakaken Kakang Narpati,” ngendikane Prabu Duryudana marang Raden Jayadrata, “Yayi Jayadrata, sira yayi ingsun dhawuhi ndherekake tindake Kakang Narpati tumuju Ngawuawulangit.”

“Sendhika ngestokaken dhawuh, Sinuwun.” Ature Jayadrata sinambi nyembah ana ngarsane Prabu Duryudana.

Datan antara lama Narpati Karna Basusena kanthi kadherekake Raden Jayadrata banjur lumengser saking sitinggil ingkang saperlu manggul jejibahan mupu sayembara ing praja Awuawulangit. Salengesere Narpati Karna apadene Raden Jayadrata, ingkang sinuwun Prabu Duryudana banjur dhawuh marang keng paman kepatihan.

“Paman Harya?”

“Nuwun, wonten timbalan dhawuh Sinuwun? Hanimbali pun paman ing kepatihan.”

“Satindake Kakang Narpati lan Jayadrata kang saknyatane ingsun wis precaya ing reh daya katiyasane, nanging aja enak kapienak miwah aja wedi ing kangelan Paman, enggal mrenataa baris ingkang saperlu memanuki tindake Kakang Narpati tumuju Ngawuawulangit. Kadang-kadang Kurawa liyane aja nganti ana kang keri. Kalamunta ana pringgabayaning marga kang bakal ngengel-engel marang lekase Kakang Narpati aja padha mindhogaweni. Pakenira kantheni purba wasesa murih lekase Kakang Narpati iku mau bisa antuk gawe, Paman.”

“Sendhika ngestokaken dhawuh Sinuwun.”

Parepatan banjur kabubarake, Prabu Duryudana kondur hangedhaton kadherekake Pandhita Druna. Meriem kyai Pamuk jumedher mungel kaping kalih mecah sepining esuk, asung pakurmatan marang sang dhuta nata kang bakal mupu giri patembaya. Patih Harya Suman banjur nglumpukkake para kadang Kurawa. Dene Raden Aswatama kadhawuhan mernata baris kang sabanjure sawise kabeh samapta budhal jejaranan memanuki tindake sang Narpati lan Jayadrata.

Pranyata kang kataman rarasmara kalawan putri Ngawuawulangit datan maligi Raden Dursasana kewala. Natkala semana narendra Selabentar jejuluk Prabu Bajrawijaya kawistara uga nandang kunjana papa, gandrung kapiyungyun wuyung satemah nganti kaya wong majenun kalawan sang Dewi Sayati. Siyang pantara ratri tansah kemutan marang pasuryane kang pindha golek kencana. Sinaosa ta dereng nate pinanggih kalawan memaniking ati kejawi namung sarana alaming pangimpen kaya kang den alami Raden Dursasanan, nanging tumrap sang Bajrawijaya kaya wus patang warsa anggenya tepang kaliyan sang dewi.

Lamunta warastraning asmara wus kadhung tumancep ing jaja, mila data nana liya sakjeroning mecaki dina kejaba amung pasuryane sang dewi pepujaning ati. Bebasan lungguh datan jenak, dhahar datan karaos eca inggih awit pangaribawaning raos tresna kala wau. Bab kang kaya mangkono mau handadekake pitakonan salebeting manah tumrap pepatihing praja Selabentar. Dupi mulat sawetawis ari ratu junjungane kadya lagi bingung, mula banjur thukul kuwanene matur marang sang Prabu Bajrawijaya.

“Amit pasang kaliman tabik sinuwun, kula waspaosaken kok kados nembe menggalih sawetawis bab ingkang awrat. Katitik sampun dangu anggen kula sowan parandene Sinuwun sesembahan kula ing ngalam ndonya datan enggal medhar pangandikan menapa dene paring dhawuh kados padatan. Menapa ingkang sinuwun sampun mboten kersa kula suwitani malih? Menawi ngaten lajeng luput lan dosa kula niku menapa Sinuwun?” ature Patih Kalawisaya marang Prabu Bajrawijaya.

“E…E…E…. Patih Kala Wisaya aja dadi atimu ya tih, dene sira patih tak dhawuhi sowan mung tak kendelake wae. Ingsun ora duka marang sira nanging kabeh mau awit kegawa saka buneging atiku. Mara  kepara majuwa anggonmu seba Tih. Sun jarwani mungguh osiking penggalihku Tih.”

“Kawula nok non, ingkang sinuwun nembe menggalih menapa?” ature Patih Kala Wisaya. “Kok sajak ngemu wigatos, napa wonten parangmuka ingkang badhe ngrabasa Selabentar nggempil kawibawan paduka ingkang Sinuwun?”

“Dudu kuwi Tih. Nanging  kawruhana Patih Kala Wisaya, duk ratrining ari Sukra Palguna ingsun supena Tih, saka rumangsaku kedhaton praja Selabentar kene ketekan wanodya kang banget sulistyeng warna. Ingsun dangu jare putri saka NgAwuawulangit jenenge Dewi Sayati. Sabanjure Tih, jroning pangimpen kuwi Dewi Sayati matur menawa bakal suwita ana ngarsaningsun. Sedyane bakal leladi ing donya prapteng delahan. Klakon karonsih ana kedhaton Tih. Nanging bareng dak pondhong nyemot tumuju pagulingan jebul mung pethetan kang ana ngepot. Wadhuh Patih Kala Wisaya sumyur rasaku ketaman lungiding asmara. Mula Tih kepriye mungguh kasembadaning sedya anggonku mengku Dewi Sayati sawutuhe sun pasrahake marang sira Patih Kala Wisaya. Aja nganti kedhisikan kawengku wong liya ya Tih.”

“Sinuwun jimat sesembahan kula, pasupenan menika namung pepasren paduka nalika nembe sare. Nggih yen Dewi Sayati menika taksih ijen dereng wonten ingkang mengku, Menawi sampun kagungan gurunadi lajeng kepripun? Mila ampun kapenggalih kanthi sanget. Mengke kirang begjane ingkang sinuwun piyambak ingkang badhe kapitunan.” Pamawase Patih Kalawisaya.

“Ora Tih, durung ana sing mengku Dewi Sayati kuwi. Jroning pangimpen nalika dak dangu jarene isih legan kok Tih. Mula Tih aku tulungana ya Tih. Sira patih bisa ngrabekake ingsun bakal gedhe bebungah kang bakal ingsun paringake, Tih.”

 “Menawi  ngaten pun lamar kemawon Dewi Sayati menika. Paduka ingkang Sinuwun saged dhawuh dhumateng Kala Pragalba menapa dene  Kala minangsraya ngaturaken nawala panglamar dhateng Ngawuawulangit. Dene pepatih paduka pun Kala Wisaya ingkang badhe memanuki saking wingking, menawi panglamar katampik badhe kula damel karang abang Ngawuawulangit menika.” Pamrayogane Patih Kala Wisaya.

“Yen ta mangkono  pamrayogamu Tih, sawutuhe dak pasrahake marang sira murih bisane ingsun dhaup, sun kantheni purba wasesa murih kaleksanan nggonku mengku Dewi Sayati.”

Patih Kala Wisaya banjur madal pasilan ingkang saprelu nindakake dhawuhe ratu junjungane. Wadyabala raseksa sagelar sapapan wus ngebaki alun-alun praja Selabentar. Umbul-umbul miwah tetandha kang mawarna-warna ngebaki angkasa. Pating galidrah pating galero tingkah solahe para wadya yaksa. Nalika uninga pepatihing Selabentar wus teka kang banjur asung sasmita supaya wadya mirengke dhawuhe, kahanan amem kaya orong-orong kepidak. Rampung hanggenya sesorah mungguh dhawuh saka Prabu Bajrawijaya, wadya Selabentar banjur padha budhal kapimpin dening Patih Kala Wisaya.

Sakbudhale para wadya saka alun-alun praja Selabentar, Prabu Bajrawijaya kepareng lumebu ing sanggar pamujan, nyenyuwun mring Hyang Widhi murih kasembadaning sedya. Nanging narendra kang lagya ketaman turidasmara datan bisa sumeleh ing rasa pangrasane tumanduk marang Dewi Sayati. Mula tan pantara dangun wus katingal madal malih saking sanggar pamujan gya jengkar keprabon tumuju mring praja Awuawulangit. Ora sranti ngenteni Kala Pragalba, Kala Minangsraya miwah Patih  Kala Wisaya kang den utus mring Ngawuawulangit.

Laju lampahe barisan saka Selabentar tumuju Ngawuawulangit. Pating galidrah pating galero solahe kang wadya bala. Samarga-marga hamung tansah gawe ajrihing para kawula. Prapteng marga catur barisan Selabentar tempuk kalawan barisan Ngastina kang den pandegani Narpati Ngawangga. Sulayaning rembag dados bandayuda. Dalan kang maune sepi mamring samangko kanggo ajanging pabaratan. Wit-witan gegrumbulan bosah baseh, bledug ngampak-ampak. Pedhang klewang kumenclang ngebaki awing-awang. Surak hambata rubuh ngrenggani payudan. Barisan saka Selabentar sajak waringuten nandhingi kridhane para Kurawa sawadya.

Uninga wadya bala keseser ing yuda ngadepi para Kurawa, pepatihimh Selabentar asung sasmita marang Kala Pragalba apadene Kala minangsraya supaya wadya katarik mundur, nyimpang dalan tumuju Ngawuawulangit.

“Kala Pragalba apadene Kala Minangsraya, padha gulungen genderamu, undhurna sakehing prejurit Selabentar sadurunge kabeh tumekeng pati. Ayo nyidhat dalan liya wae. Tanpa guna mungsuh Kurawa!” prentahe pepatihing Selabentar marang Kala Pragalba apadene Kala Minangsraya nalika nyumurupi rusaking barisan.

Mulat wadya bala raseksa sumingkir milih dalan liya, Narpati Karna uga banjur ndhawuhake marang para prajurid Ngastin mbacutake laku tumuju NgAwuawulangit. Anggone nembe wae ngasorake barisan Selabentar dadya sumbering semangat anyar anggone bakal nglamar Dewi Sayati mring Ngawuawulangit.

Seje papane nanging taksih nunggal kang dadi caritane, minangka gempalaning carita datan kadi kang lagya lelengahan ing pertapan Wukir Retawu. Natkala semana sinambi mbucal raos sayah kang sinandhang merga nembe kewala minggah ing redi Wukir Retawu, Raden Nakula kawistara lenggah ing sangandhaping wit waringin, ngulatake para cantrik manguyu miwah janggan kang hangayahi pakaryane sowang-sowang.

Sawernane peksi padha ngoceh ing panging kekayon kaya-kaya mbagekake kang lagi prapta. Sesekaran kang manekawarna hangrenggani pertapan mahanani endah saha edining kawontenan. Ki Lurah Kanthong Bolong, Nala Wigareng apadene Bagong ketungkul anggone jejagongan kalawan saweneh cantrik ana tepining balumbang.

Tekane Cantrik Janaloka saka njero papan pasemeden gawe bungahing galih risang Nakula, mula gage bangkit hamapag si cantrik. Saka katrangane si cantrik Raden Nakula uninga menawa datan dangu malih, Sang Abiyasa bakal rucat anggone  maladi hening kang sabanjure bakal manggihi keng wayah Nakula.

Tan pantara dangu Begawan Abiyasa kawistingal madal saking papan palanggatan hamrepegi dununge keng wayah. Sawuse samya bage-binage ing reh kawilujengan saha ngesok raos kapang awit sawetawis wekdal datan pinanggya, Raden Nakula nuli humatur ana ngersane keng Eyang ing Saptaharga.

“Adhuh kanjeng Eyang, waleh waleh menapa, sanese ngaturaken sungkemipun para kadang Pandhawa sahandhaping pepada paduka Njeng Eyang, estunipun sowanipun keng wayah menika muhung nyuwun pangestunipun Kanjeng Eyang ing Saptaharga.” Ature Raden Nakula kanthi anoraga.

“Wayahku Nakula mundhut pangestu marang Eyang, yen pun eyang dikeparengke uninga, darbe gegayuhan kang endi wayah Nakula? Coba matura kanthi walaka.” pandangune sang resi kanthi aris.

“Dhuh Eyang, keng wayah badhe tumuju ing praja Ngawuawulangit. Wekdal samangke, Prabu Kridakirata kagungan putra pawestri ingkang sesilih Dewi Sayati ingkang sampun ngancik diwasa. Dhuh Eyang, siyang pantaran ratri pasuryanipun sang Dewi namung ngegla kewala. Nanging Eyang, kangge nggarwa Dewi Sayati tetela mboten gampil, kadangipun sepuh nenggih Raden Indrakerata wekdal samangke pasang giri patembaya, dene suraosing giri patembaya sinten kemawon saged nyandhing Dewi Sayati sauger saged ngasoraken kridanipun ing branjang kawat.” Caos katrangane Raden Nakula marang keng eyang Saptaharga.

“Ngger, Wayahku Nakula, mangun bebrayan mono mujudake tekad kang utama. Wanita-wanita kang utama mung kanggo priya-priya kang uga utama. Eyang mung bisa ndedonga lan nyenyuwun parang Kang Murbeng Jagad, muga kasembadan apa kang dadi penggayuhmu wayah. Mung wae wanti-wanti pitungkase eyang, nyandhing Dewi Sayati mono dudu bab sing gampang. Awit saknyatane, sakliyane sira wayah, tenane Dewi Sayati iki akeh kang ngarepake minangka garwa. Mula sing kebak ing pangati-ati ya mas putu.” Ngendikane Resi Abiyasa, “Para putuku Pandhawa iku satriya kang wus hanggadhuh saliring ngilmu agal apadene alus. Dak kira yen mung Indrakerata dudu pepalang kang abot. Nanging sira wayah kudu eling, aja dhemen nyepelekake marang liyan. Kurang begjane kewirangan. Mula wayah, kanthi linambaran dharma, pun eyang percaya menawa kekarepanmu bakal kasembadan Nakula.”

“Sedaya pitungkasipun keng eyang badhe kula estokaken. Mugi mahanani kasembadaning sedya keng wayah.” Ature Raden Nakula marang keng eyang kanthin kurmat.

“Hiya mas putu, eyang wus apal kalawan watak lan wantune para putu Pandhawa, saliring pitungkas kang hanjog marang marganing kautaman mesthi tansah den estokake kanthi tumemen. Wayahku, muga kasembadan apa kang dadi panjangkanira. Wong mangun bebrayan mono nyawijekake ati loro dadi siji. Manunggaling sedya iku kang mahanani tentreme bale somah mas putu.” Panembahan Abiyasa mbacutake paring ular-ular. “Sentosaning balesomah mahanani sentosaning praja kulup.”

“Kasinggihan dhawuh pangandikanipun keng Eyang Saptaharga. Wayah paduka badhe tansah enget kaliyan sedaya pitutur ingkang hanjog dhateng margining kadarman. Menawi makaten dhuh Eyang, keparenga kula nyuwun pamit, nyuwun pangestu nugi lampah kula dumugi Awuawulangit manggih raharja.”

“Ora mung nganti tumekeng Awuawulangit pamujiku wayah, nanging uga nganti kasembadan anggone wayah arep mengku Dewi Sayati. Kakang- Kakang Semar?” pandangune Panembahan Abiyasa marang Ki Lurah Semar.

“Eeeee…wontena dhawuh Panembahan? Hanimbali kula pun Semar.”

“Aja kongsi kendhat anggone Kakang Semar memuji ana ngarsane Hyang Widhi muga kasembadan kekarepane momonganmu. Yen sasar elingna lamun kleru aja dijarke wae Kakang, awit hiya mangkono mungguh jejibahaning pamung agung kaya kakang Semar kuwi. Sawutuhe, kekarepane Nakula anggone arep mengku dewi Sayati sembada lan orane kabeh sumampir ana pundhakmu Kakang.”

“Eeee…hamenika sampun dados kuwajiban kula minangka pamonong wiwit jaman ja mbejuja kek mbekakek ngantos dinten samenika Panembahan. Jer sedya menika utama, tartemtu kula badhe tansah hanyengkuyung, harak ngaten ta Ndara Nakula?” nreweceh guneme Kyai Lurah Semar.

“Hiya kakang Semar banget panuwunku dene sasuwene iki kakang tansah setya tuhu anggone ngemong para kadang Pandhawa. Muga lestariya anggonmu tansah dadi pamung agung tumrap satriya kang mahambeg budi lan dharma Kakang Semar.” Ngendikane Raden Nakula.

“Weee….kakekne duwe tembung aneh Truk?” panyelane Nala Gareng. “Ja mbejuja kek-mbekakek…hahahaha…kuwi apa ya ana tegese ya, Truk?”

“Yaw is karepe, adakane wong tuwa ki kaya ngono kuwi sing enom nglumohi. Kadhang kala karepe arep basa pengin ngajeni ning kadhang kala malah kleru ki akeh wae.” Guneme Petruk.

“Aku malah ora isa basa. Ilatku ora kena ditekuk, je.” Panylemonge Bagong, “Wong aku kakeyan mangan roti karo keju. Dadi ya ora isa basa.”

“Keju? Lah…lah…lah..wong ming sega mambu dipepe ngono kok keju!” Gareng imbal rembug maneh.

“Karepe, penting rak seger kewarasan.” Bagong wegah kalah. “Witikna anane ya ming kuwi, tinimbang keju ming marahi mules karo ngelu.”

“Wis, Gareng, Petruk, Bagong, iki lagi wigati kok malah dalenyengan ora ana tegese!” Pamunggele Panembahan Abiyasa.

“Eyang, sarehne sampun sawetawis anggenkula ngabyantara sahandhap pepada, keparenga kula nyuwun pamit Eyang.”

“Hiya mas putu, mumpung srengege isih durung dhuwur, mara gage budhala saka Sapta harga. Ngati-ati aja kongsi lali, tansah den prayitnya eling lawan waspada. Tansah dhedeplea ana panguwasaning Hyang Manon, kulup. Kanthi mangkono bakal kasembadan apa kang kok sedya.”

Raden Nakula gya nyuwun pamit, mandhap saking pertapan kadherekake Ki Lurah Semar sapranakane. Laju tindaknya dhateng praja Awuawulangit ingkang saprelu ngayunaken Dewi Sayati putri Prabu Kridhakirata. Anggone lumampah hanasak rungkuding wana wasa, munggah gunung mudhun jurang kongsi liwat margining karang padesan.

Kanggo ngguwang rasa kesel para Panakawan kang ndherekake padha gegojegan lelagon sakarepe dhewe. Madal saking setunggaling karang padesan, kang samya lumampah dadya kandeg  nalika kepranggul barisan wadya raseksa saking praja Selabentar kang tansah gawe rusak samarga-marga mula ora mokal seling suruping pirembugan ana ndalan banjur dumadi daredah antarane Raden Nakula klawan wadya raseksa saka praja Selabentar kang tinindhihan Dirgabahu, Dirgayaksa lan Patih Kala Wisaya.

Para amung kisma lan brayat padhukuhan nulis sumingkir, pomahan kekancingan rapet lan dhipet murih ora dadi kurbaning paperangan. Ora ana kang wani metu saka ngomah mulad barisan raseksa samana akehe padha ngrubut sang apekik. Amung jurung miwah pamujine muga-muga satriya kang kinarubut raseksa bisa hangentas karya.

Sanadyan ta kinarubut dening wadya raseksa, data nana tanda menawa Nakula bakal ngoncati payudan. Tandange malah saya nggegirisi pindha bantheng kanin. Punakawan trima sumingkir saka papan payudan ndhelik ana suwaliking wit-witan. Sawise sawetara anggone padha andon yuda, para wadya wiwit keseser, siji mbaka siji njrebabah ndhepani lemah kanthi dhadha bengkah, bahu semplah. Sabanjure, wadya kang isih sisa padha ngucireng yuda, salang tunjang banjur nyidhat dalan tumuju praja Ngawuawulangit. Sawise sumilak bebayaning marga, Raden Nakula uga mbanjur mbacutake laku. Brayat padhukuhan kono agahan metu saka ngomahe dhewe-dhewe, kanthi bebarengan ndandani dalan apa dene pager kang bosah-baseh bubar kanggo bandayuda.

Sauntara iku ing Praja Awuawulangit, kawistingal Prabu Kridhakerata lenggah ing dhampar dhenta kaadhep warangkaning nata nenggih Patih Keratabahu miwah para nayaka bebetenging praja. Pasuryane sang katong sajak kummel kadya basanta kataweng hima. Kang den penggalih datan sanes kejawi giri patembaya ingkang dipun adani keng putra nenggih Raden Endrakerata. Natkala samana keng rayi Dewi Sayati kathah kang ngayunake. Wiwit saka narendra mudha, satriya miwah para narpati. Mulat akehing panglamar marang Prabu Kridhakerata mula keng putra Endrakerata banjur adeg sayembara. Wosing sayembara sok sapaa kang bisa ngasorake yudane Endrakerata hiya iku kang wenang mengku Dewi Sayati.

Mangkana alon wijiling sabda Prabu Kridhakerata marang keng putra Endrakerata. Nalika nampa palapuran saking warangkaning nata menawa durung ana kang bisa mupu sayembara.

“Kulup putraningsun Endrakerata, manungsa mono yen wus tumekaning apes mesthi bakal lalis. Yen lalis paran margane bisa bali maneh. Sakndhuwure langit isih ana langit. Sakndhuwure wong sigit isih ana kang ngungkuli kasigitane.” Ngedikane Prabu Kridhakerata marang keng putra kinasih Endrakerata.

“Dhuh Kanjeng Rama, nyadhong deduka ingkang kathah, putra paduka sampun ngretos menapa ingkang paduka pikajengaken. Nanging kanjeng Rama ugi kedah uninga, bilih anggen kula pasang giri patembaya menika mboten namung nuruti betah kula pribadi. Nanging kanthi sayembara menika sageda hamimbuhi saha hanimbul menggah kuncaranipun praja Awuawulangit.” Ature Raden Endrakerata ana ngarsane keng rama sarwi tumungkul hamarikelu nganti konjem-konjema mukane.

“Kok bisa ngono, putraku? Apa kang dadi dhasarmu?” pandangune ingkeng rama, “Coba aturna pun rama pengin ngreti, kepiye larah-larahe dene kanthi sayembara mau ana sesambungane kalawan kuncarane praja Awuawulangit kene?”

“Kanjeng Rama, kanthi kula ngadani sayembara, ingkang kelampahan hanjatukrami rayi kula pun Sayati tartemtu mboten priya sembarangan. Menawi narendra tartembu gung binathara raja abala raja ingkang sekti mahembara. Semanten ugi menawi trahing satriya, satriya ingkang mahambeg budi linangkung saha kinacek sesameng titah. Kanthi makaten kayuwananing praja Awuawulangit tetepa jinaga. Ingkang tundhonipun hamimbuhi kuncaraning asma paduka kanjeng rama miwah para brayat Awuawulangit.” Jlentrehe Raden Endrakerata. “Beneh menawi ingkang nggarwa rayi kula menika namung priya saluguning priya. Mboten mahanani kuncaraning praja menapa dene katentremaning kawula nanging malah saged tinemu ing kosok balen kanjeng rama.” Nganhdhar andhar sarta hangendhukur kang dadi pawadane Raden Endrakerata ana ngersane keng rama Prabu Kridhakerata.

“Oh, mangkono kang dadi panemumu putraku. Sejatine ingsun uga nayogyani, sabab kepiyea wae jroning penggalih pun rama iki datan mentala lamun uninga saben-saben ana narendra utawa satriya prapta kepengin mupu sayembara sira kudu munggah mbranjang kawat ngladeni panantang. Sasuwene iki pancen durung ana kang kwagang ngasorake sira kulup Endrakerata. Sing ingsun wedeni lamun mangko klakon ana kang mupu sayembara sliramu tumekeng lalis, njur piye Endrakerata? Kuwi sing dadi penggalihku Endrakerata? Mangka sira iku dak gegadhang bisoa nglintir kalungguhaning rama minangka narendra ing NgAwuawulangit kene. Yen nganti putraku nemahi tiwas, njur sapa sing bakal ngganti, Endrakerata?”

Lagi wae anggone manabda marang keng putra Endrakerata, kadadak minggahing Patih Keratabahu sajak kesusu kongsi munggel kang lagya wawan pangandikan. Salenggahe warangka nata nuli kadangu ingkang Sinuwun prabu  Kredhakerata:

“Patih Keretabahu? Sira sing ngadhep tanpa tinimbalan, ana parigawe apa Patih, gage matura kang pratitis?”

“Waleh-waleh menapa Sinuwun, abdi paduka kepareng sowan datan katimbalan, menika, kula ngaturi pirsa maliginipun dhateng Gusti kula Endrakerata bilih njawi wonten dhuta nata Ngastina ajejuluk Narpati Karna ingkang badhe mupu sayembara. Samenika ugi katengga ing alun-alun mrika Raden.” Ature Patih Keretabahu kanthi groyok.

 “Ngono paman patih,” ngendikane Prabu Kridhakerata“Wis kulup putraningsun Endrakerata, prekara iki dak balekake maneh marang putraku Endrakerata. Jer sing duwe panemu ngenani giri patembaya iki ora liya kejaba si Endrakerata. Wis kono, mangsa bodhowa kulip anggonmu arep ngajangi.”

“Nyuwun pamit saha nyuwun tambahing pangestu Kanjeng Rama. Paman Keretabahu mara gage dherekna aku mrepegi dununge dhuta nata Ngastina kuwi mau.”

“Sumangga Raden kula dherekaken.” Daya-daya Raden Endrakerata kadherekake Patih Keretabahu tumuju alun-alun mrepegi dhuta Ngastina Narpati Basukarna kang wus kadherekake Kurawa lan prajurit Ngastina sagelar sapapan sikep gegaman komplit. Prabu Kridhakerata uga banjur jengkar jumujug sanggar pamujan. Samadi maladi hening meminta sihing Dewa Bathara murih keng putra Endrakerata unggul yudane.

Ing alun-alun Raden Endrakerata wus  klakon aben ajeng kaliyan Narpati Ngawongga. Sawise nelakake tujuane mungguh praptane ing Awuawulangit, tetandhingan antarane sang dhuta nata lumawan Raden Endrakerata banjur kawiwitan. Dhisike kabeh pernatan magepokan kalawan sayembara isih padha dinggoni. Nanging bareng dhuta Ngastina sajak kuwalahan ngembari krodhane Raden Endrakerata pranatan mau wis ora dienggo maneh. Sapa lena mesthi bakal kena, kurang begjane prapteng lampus hangemasi. Alun-alun bosah baseh merga dadi ajanging pabaratan.

Ngreti menawa Adipati Karna keseser yudane Patih Sengkuni banjur dhawuh marang Kurawa sak wadya kineng sabiyantu Adipati Karna. Mulat Patih Keretabahu marang kahanan kang kaya mangkana uga banjur dhawuh mring anung-anunging praja saperlu nrenggalani pangamuke wadya bala Kurawa. Ora gantalan suwe wadya Ngastina saya kalindhih ing pabaratan, Narpati Karna ora eling purwa duksina. Endrakerata mumbul ngawiyat, tangan ndhaplang nuli kasedhakepke, mripat merem dhipet sarwi mateg mantram sekti, nalika ponang suku hangambah lemah kadadak mijil angin sindhung riwut saka hanggane kang mahanani kontale kabeh barisan Ngastina. Kanggo sawetara kahanan Awuawulangit bali tentrem maneh.

Parandene lagi arep mlebu ing kadhaton, kadadak praptane Raden Nakula lan Punakawan jangkep. Dadiya kandheg lampahe Raden Enderakerata.

“Sapa iki kang lumebu ing Alun-alun Awuawulangit?”

“Nakula kang dadi aranku. Apa bener kene iki dununge praja Awuawulangit?”

“Hiya kepara nyata. Darbe sedya apa tumekan Awuawulangit kene, he Nakula?”

“Mupu sayembarane Prabu Kridhakerata.”

“Klakon nggarwa adhiku yen sembada ngasorke aku.”

“Majua tak lakoni sagendhingmu bakal dak ladeni.”

Klakon bandayuda maneh. Raden Enderakerata lumawan Raden Nakula. Silih ungkih genti kalindhih. Lelorone pada dene digjayane. Nanging ing saweneh kalodhangan Raden Endrakerata bisa hanyaut awake Raden Nakula banjur kasawatake tiba gumebrug persis ana ngarepe Ki Lurah Badranaya.

“E…lae…lae..lae mbegegeg ugeg-ugeg iki bendaraku tiba kantaka ana ngarepku? Pripun Gus, kok sajake kasoran yudanipun?” pitakone Kyai Lurah Semar. “Adate ndaraku yen perang ora tau kalah, eee, lha kok iki sida keseser.”

“Adhuh Kakang Semar, Endrakerata sedulur tuwane Dewi Sayati tuhu sekti mahembara temenan. Sakiyane madal saliring gegaman, karosane ngungkuli sewu gajah, Kakang.” Sumambate Raden Nakula arerantan, “Kaya remuk bebalungku Kakang, Yayi….Yayi Dewi Sayati cabar anggonku bakal nggarwa sliramu yayi…”

“ Pripun ta, ndara, Jengandika niku dadi satriya kok mutungan, mpun njenengan majeng palagan melih mawon, Den.” Pratelane Kyai Lurah Semar nggedhekake atine Raden Nakula.

“Yen aku maju maneng ing pabaratan apa bakal menang Kakang Semar? Kakang wus uninga dhewe, iki mau aku kapracondhang mungsuh Raden Endrakerata.”

“Waaa…yen sing ndhombani kula mesthi mimpang, Den. Mpun ta, njenengan pitados napa mboten kalih Semar.”

“Paran margane Kakang, wis cetha dak aturake kalamunta aku mentas bandayuda lan kasoran lumawan Endrakerata.”

“Njenengan kula kandhani nggih Den, Raden Endrakerata nika mang lepasi jemparing mawon. Lumepasing jemparing mboten kaeneraken ing jangga menapa dene gembungipun nanging kalepasna kemawon ngener dhateng angkasa. Sinartan manah rahayu jumrepeting bedhor saking langkap ing mriku margining kamimpangan tumrap jengandika raden. Mpun ta mengke yen mboten kasil, kula tak leren mawon anggen kula nyemar.” Ature Semar

Raden Nakula gage maju ing palagan malih. Apa kang dadi prentahe Kyai Lurah Semar kaestokake. Mulad Endrakerata saking katebihan, sang Nakula banjur muja mantram sekti. Datan pantara dangu saking epek-epeke Raden Nakula musus metu keluk sasirnane keluk dumadakan ana jemparing sekti. Sanjata kang mijil sarana cipta banjur  kaembat-embat ing langkat nuli kaenerake ing angkasa sinartan manah hayu lan wening. Osiking batin hamung nyenyuwun kanugrahananing Hyang Manon mugi enggal bisa hangentas karya. Siningkir kang dadya pepalang.

Ngreti kahanan kang kaya mangkana Endrakerata malumpat sakayange, ancase bakal mbadarake sedyane Raden Nakula, nanging durung nganti tumekan papane, warastra lungid wus kajepretake ing ngangkasa muni suwara gumaleger gawe horeging praja Awuawulangit. Kaya-kaya gunung Mahendra bakal mbledhos. Sakilange suwara mau hambarengi kalawan muksane sang Endrakerata. Saking ngawiyat keprungu suwarane Endrakerata marang Raden Nakula kang intine wus lega lila menawa keng rayi Dewi Sayati bakal kawengku. Sak ilange suwara, Raden Nakula kadherekake punakawan banjur lumebu ing kedhaton Awuawulangit ngadhep ingkang Sinuwun Prabu Kridha Kerata.

Ana ngarsane Prabu Kridhakerata Raden Nakula banjut matur walaka ngenani kedadeyan kang mentas den alami kalebu musnane keng Putra Endrakerata ing pabaratan. Prabu Kridhakerata tawan-tawan tangis nalika pirsa keng putra wus handhingini kabanjuting alam kelanggengan. Nanging Prabu Kridhakerata wus nglenggana jer kabeh mau wus dadi piliyan tumrap putrane kuwi. Tebaning pati, jodho, apadene wahyu manungsa minangka titah amung saderma hanglakoni. Mangkono pamupuse Prabu Kridhakerata.

Tan pantara dangu, para pepundhen Pandhawa uga Prabu Sri Bathara Kresna kepareng rawuh ing Awuawulangit. Sedyane bakal paring panyengkuyung nyembuh donga tumrap Nakula kang bakal mupu sayembara. Bareng kabeh pepundhen ngreti menawa Nakula wis sembada mupu sayembara kabeh rumangsa lega. Kalebu Prabu Kridhakerata, sebab kang bakal mengku Dewi Sayati kaya kang dikarepake Endrakerata, satriya kang mahambeg dharma agung lelabuhane mring sesamining titah tur ta sekti mandraguna prawira jayeng palugon. Prabu Kridhakerata, para Pandhawa lan Narendra Dwarawati banjur padha wawan pangandikan kapan dinane kanggo mahargya dhauping temanten kekalih.

Kanggo sing kaping pindhone Patih Keretabahu bali lumarab ing sitinggil, nalika ing njaba ana sumbar macia-cia saka narendra Selabentar sak wadyane kang uga kepengin ngayunake Dewi Sayati. Tanggap sang Janaka apadene Wrekudara banjur padha mapagake mungsuh kang amung bakal gawe rusak. Ora gantalan suwe barisan Selabentar kaundurake. Prabu Bajrawijaya miwah patih Kala Wisaya prapteng lalis. Ing dina kang piniji Raden Nakula kadhaupake klawan Dewi Sayati. Suka pari suka kawula Awuawulangit mahargya dhauping sri temanten kekalih.

Anggone dhaup kalawan Dewi Sayati patutan putra cacah loro yaiku Bambang Pramusinta dalah Dewi Pramuwati. Dene garwa sijine, yaiku Dewi Srengganawati putrid Resi Badawanangala narendra Gisiksamodra peputra putri yaiku Dewi Sritanjung. Ana kang ngarani, sakliyane minangka narendra Gisiksamodra, Resi Badawanangala retuning bulus kang mapan ing dhasaring kali Wailu. Resi Badawanangala iki kang kepareng maringi cupu tirtamanik marang Raden Nakula.

 

Tancep kayon

-oOo-

 

 

 

Sip : Bambang Purmianto. (Kepala Dusun Jatinom dan Dusun Pugut)

Pugut RT.01 RW.08, Desa Sonoharjo

Wonogiri 57651

Hp. 082134020230

Facebook Comments

Jadi yang Pertama Berkomentar

Tinggalkan Balasan